Kamis, 11 Oktober 2012

Makna tembang Jamuran

Warisan leluhur kang adi luhung awujud basa lan sastra. Salah sijining saka warisane mau  yaiku tembang dolanan. Tembang dolanan minangka sastra lisan, bisa dimangerti amarga saka gethok tular saka wong siji marang wong liyane. Mula ana tetembungan sing diowahi utawa ora padha. Bedaning tetembungan sing ana ing tembang dolanan amarga dipasake karo dhaerahe uga dilarasake karo kahananing jaman.
Tembang dolanan sing arep dionceki ing kene tembang dolanan “jamuran”
jamuran…
ya ge gethok….
jamur apa…ya ge gethok…
jamur payung ngrembuyung kaya lembayung…
sira bedhek jamur apa…
Jamur iku wujude bunder. Nalika dolanan tembang jamuran, bocah-bocah mbentuk bunderan kanthi gandhengan lan ngubengi bocah sing ana ing tengah minangka sing dadi kanthi nembang jamuran. Anggone dolanan tembang jamuran bocah-bocah ora nganggo sandhal. Sawise tembang jamuran rampung ditembangake, bocah sing ana ing tengah nyebutake jenise jamur sing dikarepake. Umpama nyebut jamur “parut”, mula bocah sing gandhengan mau nguculake gandhengan saka kancane banjur mbentuk jamur parut yaiku ngadeg kanthi gondhelan tembok, wit, utawa liyane sing bisa dienggo gondhelan. Sawise iku bocah sing ana ing tengah ngithik-ithik dlamakane kancane. Yen sing diithik-ithik ngguyu, mula bocah mau ngganteni dadi ana ing tengah. Terus nglakokake kaya wiwitan mau nganti kabeh bocah rumangsa bosen lan kesel.
Saka tembang jamuran iki aweh pitutur: menawa kita kudu ngutamakake karukunan, nyawiji, tanpa cecongkrahan lan pasulayan, dudu tukaran lan tawuran. Nanging kudu gandhengan, gelem urip rukun karo liyane tanpa mbedakake bandha donya, drajat, pangkat, ayu baguse, agama, nanging karo sapa wae kudu gelem gandhengan utawa urip nyawiji. Yen urip rukun, nyawiji, bisa nyiptakake katentreman kang bakal dirasakake dening wong akeh. Nanging yen tawuran lan ana pasulayan ndadekake rasa was-was, wedi, bingung lan ora bisa ngrasakake ayem tentrem.
Tembang dolanan iki uga aweh piwulang yen kabeh wong iku padha ing ngarsane Pangeran. Lan kita kudu andhap asor marang wong liya, masia sugih, ayu, pinter, nanging kudu nyopot sandhale.
Saliyane iku saka tembang dolanan jamuran iki, uga aweh pitutur supaya kita yen diparingi tugas, kudu nindakake jejibahan mau kanthi tenanan lan tanggung jawab, adil, ora njupuk darbeke liyan, bares lan prasaja.
Nanging eman banget, amarga tembang jamuran iku saiki jarang dianggo malah jarang bocah-bocah saiki ngerti tembang jamuran apa maneh mangerteni maksud kang kinandhut ana ing tembang jamuran.
Bocah-bocah saiki akeh sing luwih seneng dolanan dhewekan nggethu karo komputer sing diadhepi. Dolanan sing ana ing komputer dirasa luwih seru, luwih apik, lan luwih gayeng. Apa maneh bisa tembak-tembakan, tukaran, golek musuh lly. Mula ora nggumun yen bocah saiki akeh sing seneng tawuran. Amarga saka dolanan sing ana ing komputer yen ora dijelasake lan diarahake sing bener, bisa nuwuhake watak keras, ora ngajeni wong liya, lan mung ngutamakake awake dhewe.Mula perlu banget tembang dolanan diwulangake marang para siswa ing tataran endhek kaya siswa TK lan SD. Supaya bocah-bocah nalika isih cilik wis kulina urip seneng-seneng karo wong liya, kulina urip rukun karo wong sing ana ing sakiwa tengene, lan bisa ngecakake maksud sing ana ing tembang kanthi becik. Saengga nalika wis gedhe wis kulina urip rukun karo liyane.
(Iki mau sing bisa dakaturake ngenani tembang dolanan jamuran. seneng banget yen ana sing wis maos paring lan urun gagasan murih lestarine budaya Jawa)